Jangan di Klik

Featured Post Today
print this page
Latest Post
Showing posts with label MC. Show all posts
Showing posts with label MC. Show all posts

Pembawa Acara Walimah Nikah Tahlil

Bismillahirrohmanirrohim
Alhamdulillahilladzi amarona bittiba'i millati ibrohima hanifa
Wassholatu wassalamu ala sayyidina muhammadinil mustofa
Wa ala alihi wa sohbihi wa ahli baytihi  ahli shidqi wal wafa
Qola ta'ala fi kitabhil karim. Audzubillahi minassaythonirrojim:

وَمِنْ ءَايَٰتِهِۦٓ أَنْ خَلَقَ لَكُم مِّنْ أَنفُسِكُمْ أَزْوَٰجًۭا لِّتَسْكُنُوٓا۟ إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُم مَّوَدَّةًۭ وَرَحْمَةً ۚ إِنَّ فِى ذَٰلِكَ لَأَيَٰتٍۢ لِّقَوْمٍۢ يَتَفَكَّرُونَ

Wa qolannabiyu shollollohu alayhi wasallam:
النكاح سنتي فمن رغب عن سنتي فليس مني.
وقال أيضا أولم ولو بشاة.

HAdrotal afadhil ulama'anal kirom, poro alim, poro kyai, poro sesepuh pinisepuh.
Wabilkhusus panjenenganipun Romo Kyai Haji........ ugi romo kyai haji.....
Lan poro kyai sanesipun ingkang tansah kawulo ta'dzimi lan kulo ajeng2 nasehatipun.
Poro rawuh sedoyo ingkang minulyo...
Shohibudda'wah, panjenenganipun bapak....

Monggo sareng2 kito muji syukur dumateng ngarsanipun Allah swt kantu waosan alhamdulillahirobbil alamin, ingkang sampun paring rahmat, taufiq lan inyahipun dumateng kito sedoyo sehinggo kito saget ngerawuhi undangan saking shohibud da'wa / shohibul walimah panjenenganipun bapak..... dalam rangka walimatul aqiqoh ananda.....  Sesarengan kalean walimatul Arusy ananda ....... Pikantuk tiyang jaler paring asmo.... saking......  Ingkang bade ngelampahi aqdunnikah benjang dinten.... . Bapak askandar sekeluarga Ngadong dungo dumateng panjenengan sedoyo, Mugio aqdunnikah benjang puniko keparingan lancar lan barokah, utamanipun dumateng kemanten kekaleh. Lan mugio acara dalu puniko ngantos benjang reaepsi keparingan lancar lan barokah. Ala hadzihinnniyah wa kulli niyatin sholihah, alfatihah......

Kaping kaleh, sholawat lan salam mugio tetepo katuraken dumateng junjungan kito nabi agung sayyidina wa habibana Muhammad saw. Mugio kito angsal safaatipun benjang ten akhiroh. Amiiin ya Robbal alamin.

Kaping tigo, mewakili shohibudda'wa shohibul walimah, atas kerawuhan panjenengan estu2 ngaturaken syukur dumateng Allah, maturnuwun sanget dumateng panjenengan sedoyo, mboten saget ngaturi punopo2 namung saget matur jazakumulloh ahsanal jaza', mugio kerawuhan panjenengan sedoyo dicatet kalean Allah dados amal sholeh lan diwales kanti sak sae2nipun piwales. Lan mugio kito sedoyo ingkang rawuh angsal barokahipun majelis dzikir puniko keranten Rasulullah dawuh:
وَعَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ وَأَبِيْ سَعِيْدِ الْخُدْرِيِّ أَنَّهُمَا شَهِدَا عَلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اَنَّهُ قَالَ لاَ يَقعُدُ قَوْمٌ يَذْكُرُوْنَ اللهَ عَزَّ وَجَلَّ إِلاَّ حَفَّتْهُمُ الْمَلاَئِكَةُ وَغَشِيَتْهُمُ الرَّحْمَةُ وَنَزلَتْ عَلَيْهِمُ السَّكِيْنَةُ وَذَكَرَهُمُ اللهِ فِيْمَنْ عِنْدَهُ (رواه مسلم)
Rasulullah Saw bersabda: Tidak ada sekelompok kaum pun yang berdzikir kepada Allah, kecuali malaikat akan mengelilingi mereka, rahmat akan menyelimuti mereka, ketenangan akan datang pada mereka,dan Allah akan menyebutnya di dalam orang-orang dekatnya" (HR Muslim)
Mugio estu2 angsal barokahipun majelis dzikir puniko. Amin Ya Robbal Alamin.

Kaping sekawan, mewakili shohibudda'wa shohibul walimah, sejatosipun acara puniko sampun dipersiapaken awit dangu. Nanging pasti wonten banyak kekuranganipun. Pramilo meniko bilih wonten papan panggenan lan pasugatan ugi punopokemawon ingkang kirang nyeceki dumateng manahipun panjenenengan sedoyo, mewakili bapak asyim, nyuwun agunging samudro pangaksami.
أنا أريد وأنت تريد ولكن الله يفعل ما يريد
Kita sebatas berusaha. Dan Allah lah yang menentukan segalanya.

Atas nami pembagi acara, kawulo bade matur bilih susunan acara dulu puniko inggih puniko pembukaan, dilanjutaken kalean waosan tahlil, dilajengaken kalean waosan sholawat Nabi, lan kapungkas kelawan doa.

Monggo kito awali acara puniko kelawan surotul fatihah. Liridloillah wa lisyafa'ati rosulillahi shollollohu alayhi wa sallam,  wa ala niyatina wa niyati syekh abdul qodir jilani rodliyallohu 'anhu.   Alfatihah...

Poro hadirin ingkang minulyo, acara saklajengipun ingggih puniko waosan tahlil ingkang bade kapimpin kalean panjenenganipun ......... kalanjutaken kalean waosan sholawat nabi ingkang bade kapimpin kalean panjenenganipun ustadz......... lan kapungkas kelawan doa ingkang bade kapimpin kalean ........
Wakdal kawulo sumnggga'aken kanti urut.

Atas nami pembagi acara, bilih wonten kalepatan lan kirang prayuginipun, kawulo nyuwun agunging samudro pangapunten.
Wabillahi taufiq wal inayah warridlo wal inayah wal afwa minkum. Wassaalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh.

0 comments

Sambutan Penerimaan Pengantin (2)

Sambutan Terima Pengantin (2)
(Contoh)

Alhamdulillahilladzi ahalla lanannikah wa abghodossifakh...
Asyahdu an lailaha illallah al malikul fattah...
Wa asyhadu anna muhammadan abduhu wa rosuluhu adda'i ila sabilinnajah
Allohummasholli wa sallim wa barik ala sayyidina wa mawlana muhammad wa ala alihi wa ashabihi dzawil falakh
Subahnaka la ilma lana illa ma allamtana innaka antal alimul hakim. Wa tub alayna innaka anta tawaburokhim. Wa taqobbal minna innaka antassamiul alim. Wa allimna milladunka ilman nafi'a ya dzal jalali wal ikrom.
Robbisrokhli Sodri Wa yassirli amri wahlul uqdatan millisani yafqohu qouli.
Amma ba'du....

Qola ta'ala fi kitabhil karim. Audzubillahi minassaythonirrojim:

وَمِنْ ءَايَٰتِهِۦٓ أَنْ خَلَقَ لَكُم مِّنْ أَنفُسِكُمْ أَزْوَٰجًۭا لِّتَسْكُنُوٓا۟ إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُم مَّوَدَّةًۭ وَرَحْمَةً ۚ إِنَّ فِى ذَٰلِكَ لَءَايَٰتٍۢ لِّقَوْمٍۢ يَتَفَكَّرُونَ

HAdrotal afadhil ulama'anal kirom, poro alim, poro kyai-ibu nyai, poro sesepuh pinisepuh, poro ustadz-ustadzah..
Wabilkhusus panjenenganipun Romo Kyai Haji ..........
Lan poro kyai sanesipun ingkang tansah kawulo ta'dzimi lan kulo ajeng2 nasehatipun.
Poro bapak lan poro ibu sederek sedoyo undangan ingkang minulyo...
Shohibudda'wah, panjenenganipun bapak Asyim lan Ibu Rochimah soho  keluargo agung ingkang sanubagiyo, khususipun kemanten kekaleh mbak putri kalean mas eko ingkang dinten niki paling berbahagia.

Bu..  Pak.. Remen geh ningali pengantin? Rasulullah geh remen ningali ningali manten. Menawi wonten manten, Rasul mesti maringi kado. Jenengan wau beto kado ta mboten? Hehe...  Rasul niku ngado ten kemanten. Nopp kadone? Gelas kale piring. Mboten!! Niku lak arek sememi....  Kadone Rasulullah niku dungo. Dungone Barokallohu laka wa baroka alayka wa jama'a baynakuma fi khoir. Monggo sareng2 geh. Kulo maos lajeng jenengan geh...
Bismillahirrohmanirrohim.
Barokallohu laka wa baroka alayka wa jama'a baynakuma fi khoir.
Walhamdulillahirobbil alamin.

Poro rawuh sedoyo ingkang minulyo.
1. Kawulo Mewakili bapak Asyim lan ibu Rochimah ngaturaken ahlan wa sahlan bi khudlurikum, sugeng rawih, selamat datang dumateng sedoyo tamu undangan khususipun keluarga pengantin jaler saking sememi baru.
Atas kerawuhan panjenengan sedoyo, kulo wakil bapak asyim lan ibu rochimah estu2 bingah, syukur dumateng Allah, matur nuwun dumateng panjenengan sedoyo mboten saget ngaturi punopo2 namung saget matur jazakumulloh ahsanal jaza', jakumulloh khoiron katsiro. Mugio kerawuhan panjenengan kacatet dados amal soleh lan diwales kalean Allah kanti sak sae2ipun piwales fiddunya wal akhiroh. Amiiin ya Robbal Alamin....
Lan mugio silaturrahim puniko dados lantaran barokah dumateng pemganten kekaleh. Amin Allohumma Amiin.....

Poro rawuh sedoyo ingkang minulyo, sejatosipun acara puniko sampun dipersiapaken awit dangu. Nanging pasti wonten kekuranganipun. Pramilo meniko, bilih wonten pasugatan lan tempat ugi punopo kemawon ingkang mboten nyeceki dumateng manahipun panjenengan sedoyo, estu2 nyuwun agunging samudro pangaksami.
أن أريد وأنت تريد ولكن الله يفعل ما يريد
Kita hanya bisa berusaha, nanging Allah ingkang menentukan segalanya.

Poro rawih, kolowau sampun dipasrahaken kanti cetho, bilih mas eko dipasrahaken dumateng kluarga bapak Asyim anggenipun dipun gulowentahaken ingkang sae, Kulo atas nami wakil bapak Asyim kalean ibu Rochimah estu2 nampi kanthi bingah estu2 nerami kanthi waosan bismillahirrohmanirrohim bismillahi tawakkaltu Alalloh La Hawla Wala Quwwat Illa billahil Aliyyil Adzim. Mugio bapak Asyim soho ibu Rochima sageto nggulowentah ingkang sae. Bimbing kanthi sae. Sehinggo kemanten kekaleh puniko saget membina rumah tangga kanti sakinah mawaddah wa rohmah lan mugio keparingan putro putri ingkang sholeh lan sholihah. Amiin Ya Robbal Alamin...

Kemantene guya guyu....  Bungah. Bahagia. Lapo kok bahagia? Karena berhasil melaksanakan ibadah sing cocok karo karepe nafsu. Mboten gus. Kulo nikah ikhkas mboten kerantem nafsu. Prettt. Nek jare morosepah estri kulo,  PRUSS! Lha wong gusti Allah mawon olehe ngimimg2 menungso ben gelem nikah niku mboten mdamel perintah Rabio sing ikhlas,  mboten. Kanjeng nabi geh mboten ndamel bahasa nikah iku kudu ikhlas. Mboten. Tapi iming2e ndamel bahasa sing nyenengno karepe menungso. Niki salah setunggal hadits:

عن أبي سعيد الخدري – رضي الله عنه – أن رسول الله صلى الله عليه وسلم قال:
(( إن الرجل إذا نظر إلى امرأته, ونظرت إليه, نظر الله تعالى إليهما نظرة رحمة , فإذا أخذ بكفها تساقطت ذنوبهما من خلال أصابعهما ))

Nek ono wong lanang ndelok bojone, bojone yo bales ndelok. Akhire delok2an, Gusti Allah bakal paring rohmat nang pasangan iku mau. Delok2an ae lho oleh rohmate Gusti Allah. Mangke mantuk ndugi mriki, bojone smpean deloki dewe2. Pingin eroh contone? Kemanten, sampean pingin oleh rohmate gusti Allah opo ora? Ayo ndang delok2an....  Nah...  Niki contone buk pak....

Terusane hadits. Sing lanang terus merkes tangane sing wedok, duso2ne dilebur kalean Allah lewat sela2ne deriji. Merkes tangan ae dusone disepuro, opo maneh merkes liyane... Mantul ndugi mriki ndang perkes-perkesan geh. Kulo yakin mantene mantun niki geh perkes2an...

Geh ngoten niku bahasane Rasulullah mengajak para bujangan untuk menikah. Gak usah bahasa sing ikhlas...  sing khusyu'. Mboten. Mergo tujuane nikah niku لكثرة النسل (memperbanyal anak). Carane yo opo? Yo gawe anak. Bendino gpp?  Gak popo...

Nah, nek pingin nduwe anak sing apik,  sing sholeh, wong tuone kudu apik disek kudu sholeh disek. Pribahasane, buah jatuh tak jauh dari pohonnya. Mamulo ulama'2 biyen nek ate kumpul ambek bojone, poso disek, sholat taubat disek, wiridan disek, moco istighfar ping sewu, sholawat ping sewu. Bojone geh poso. Baru kumpul. Anake, soleh2, berhasil2.

Delok2an, perkes2an lan sakteruse,  termasuk gawe anak kale nduwe anak, ngoten niku salah setunggale coro untuk meraih sakinah,  mawaddah wa rohmah.

Quran geh sami kale hadits. Bahasane geh nyenengno karepe menungso. Mboten mdamel bahasa nikah sing ikhlas. Dawuhe Allah surat annur ayat 32:
وَأَنكِحُوا۟ ٱلْأَيَٰمَىٰ مِنكُمْ وَٱلصَّٰلِحِينَ مِنْ عِبَادِكُمْ وَإِمَآئِكُمْ ۚ إِن يَكُونُوا۟ فُقَرَآءَ يُغْنِهِمُ ٱللَّهُ مِن فَضْلِهِۦ ۗ وَٱللَّهُ وَٰسِعٌ عَلِيمٌۭ
“Dan nikahkanlah orang-orang yang sendiri ( bujangan ) di antara kalian dan orang-orang shaleh diantara para hamba sahayamu yang laki-laki dan perempuan. Jika mereka dalam keadaan miskin, Allah-lah yang akan menjadikan kaya dengan karunia-Nya [ QS. An-Nur (24): 32]

Lho nyenengno tho?? Jare qur'an, nek fakir, nikaho engko diwehi rizqi Allah. Ono sing protes, Kulo nikah kok mboten sogeh??

Sing salah dudu gusti Allah, tapi sing salah yo sampean. Berarti ono proses sing gak dilakoni. Ayo coba dipahami dawuhe gusti Allah.

Allah Subhanahu wa Ta’ala berfirman,

الرِّجَالُ قَوَّامُونَ عَلَى النِّسَاءِ بِمَا فَضَّلَ اللَّهُ بَعْضَهُمْ عَلَى بَعْضٍ وَبِمَا أَنْفَقُوا مِنْ أَمْوَالِهِمْ فَالصَّالِحَاتُ قَانِتَاتٌ حَافِظَاتٌ لِلْغَيْبِ بِمَا حَفِظَ اللَّهُ [النساء : 34]

Artinya: “Kaum laki-laki adalah pemimpin bagi kaum wanita, oleh karena Allah telah melebihkan sebahagian mereka (laki-laki) atas sebagian yang lain (wanita), dan karena mereka (laki-laki) telah menafkahkan sebagian dari harta mereka. Sebab itu maka wanita yang saleh, ialah yang taat kepada Allah lagi memelihara diri ketika suaminya tidak ada oleh karena Allah telah memelihara (mereka)”. (QS. An-Nisa: 34)

Ayat niki maringi pengertian bilih wong lanang kudu dadi wong lanang, wong wedok kudu dadi wong wedok. Wong lanang kudu iso medokno wong wedok. Wong wedok kudu iso ngelanangno wong lanang.

Pertanyaane, sopo wong lanang iku? Trus wong lanang iku kudune yok opo?

Ten al-Quran niku wau, wong lanang niku arrijal artine wong lanang akeh. Nek wong lanang siji disebut rojul. Lha ten bahasa arab niku, menawi wonten kata ingkang hurufe sami, tapi harokate bedo niku maknane bedo. Tapi nduwe arti sing mirip. Wong lanang rojul. Sikil rijl. Ngeten niki gadah keterkaitan makna. Sopo wong lanang iku? Wong lanang iku wong sing duwe sikil. Maksude opo, wong lanang iku ojo ndekem nang kamar ae. Ojo ndekem nang omah ae. Nek ono wong lanang ngene iki jegurno sumur ae. Yo ngene iki sing garai rizqi teko Pengeran mandek. Mamulo wong lanang iku kudu beraktifitas, bekerja, berkreasi. Nek wes kerjo, anak bojomu nafkahono. Iki jenenge wong lanang.

Nek wong lanang wes nguwehi nafkah, wes kerjo, tapi bojo jek ngggeremeng ae, iku jenenge wong wedok gak iso ngelanangno wong lanang. Ngene iki yo garai mandeke rizqi. Yo opo wong wedok iku? Wong wedok iku kudu sholihat. Opo solihat iku?  Sholihat iku qonitat (ibadahe apik) khafidlotun (jogo kehormatan lan manut wong lanang). Niki namine wong wedok.

Pun ngoten mawon. Ngapunten Pak Lek menawi wonten kirange.

Poro rawuh, Atas nama pribadi, bilih wonten kalepatan lan kirang prayugi dumateng manah, kawulo nyuwun agunging pangaksami. Wabillahittaufiq wal hidayah warridlo wal inayah wal afwu minkum wassalamyalaikum warahmatullohi wabarokatuh....

0 comments

Sambutan Pasrah Pengantin Pria

Sambutan Pasrah Pengantin

Alhamdulillahilladzi ahalla lanannikah wa abghodossifakh...
Asyahdu an lailaha illallah al malikul fattah...
Wa asyhadu anna muhammadan abduhu wa rosuluhu adda'i ila sabilinnajah
Allohummasholli wa sallim wa barik ala sayyidina wa mawlana muhammad wa ala alihi wa ashabihi dzawil falakh
Subahnaka la ilma lana illa ma allamtana innaka antal alimul hakim. Wa tub alayna innaka anta tawaburokhim. Wa taqobbal minna innaka antassamiul alim. Wa allimna milladunka ilman nafi'a ya dzal jalali wal ikrom.
Robbisrokhli Sodri Wa yassirli amri wahlul uqdatan millisani yafqohu qouli.
Amma ba'du....

HAdrotal afadhil ulama'anal kirom, poro alim, poro kyai-ibu nyai, poro sesepuh pinisepuh, poro ustadz-ustadzah..
Wabilkhusus panjenenganipun Romo Kyai Haji.... , ugi romo kyai haji...
Lan poro kyai sanesipun ingkang tansah kawulo ta'dzimi lan kulo ajeng2 nasehatipun.
Poro bapak lan poro ibu sederek sedoyo undangan ingkang minulyo...
Shohibudda'wah, panjenenganipun bapak..... lan ibu....
Sedanten keluargo agung ingkang sanubagiyo, khususipun kemanten kekaleh mas .... kalean mbak.... ,  monggo sareng2 kito dunga'aken mugio dados pasangan ingkang sakinah mawaddah wa rohmah, barokallohu laka wa baroka alayka wa ja'ala baynakuma fi khoyr. Allohumma allif baynahuma kama allafta bayna sayyidina adama wa sayyidatina hawwa', wa allif baynahuma kama allafta bayna sayyidina yusuf wa sayyidatina zalikho', wa allif baynahuma kama allafta bayna sayyidina musa wa sayyidatina shofuro', wa allif baynahuma kama allafta bayna sayyidina muhammadin saw wa sayyidatina khodijah.
Robbana hab lana min azwajina wa dzurriyatina qurrota a'yun waj'al lil muttaqina imama. Robbana atina fiddunya hasanah wa fil akhiroti khasanah wa qina adzabannar. Alfatihah.

Poro rawuh sedoyo ingkang minulyo.
Estu estu nyuwun agunging pangaksami bilih Kawulo jumeneng wonten ngarsanipun poro kyai sedoyo, amergi kawulo keparingan amanah saking bapak..... lan ibu.....
Minongko wakil bapak.... lan ibu....
Sepindah, estu2 bingah lan syukur sejak rencana pernikahan yang dilaksanakan dua bulan lalu. Lajeng matur2 dumateng derek2 sedanten, kok katah ingkang pingin semerap mriki. Alhamdulillah setunggal bis nderek khurmat iring2 walimah ten mriki. Pramilo meniko mewakili bapak.... sekeluarga ngaturaken agunging samudro pangaksami ugi sembah nuwun sak estu estunipun dumateng bapak..... sekeluarga atas sambutan yang luar biasa yang diberikan kepada kami. Mboten saget ngaturi punopo2, namunh sahet matur mugio kacatet dados amal sholih kanti waosan jazakumulloh ahsanal jaza', jazakumulloh khoiron katsiro wa awfarol jaza'.

Kaping kaleh, nyuwun agunging pangaksami bilih kehadiran rombongan saking surabaya meniko wonten perkawis ingkang mboten nyeceki dumateng manah bapak .... kalean ibu .... sekeluarga, sepindah maleh nyuwun agunging samudro pangaksami.

Minongko wakil bapak..... lan ibu .... sekeluarga, kanthi waosan Bismillahirrohmanirrohim wal hamdulillahirobbil alamin, bismillahi tawakkalu alalloh la hawla wal quwwata illa billahil aliyyil adzim, kawulo pasrahaken adik kulo....... dumateng bapak ..... kalean ibu ..... beserta keluarga besarnya supadoso digulowentahi ingkang sae. Di didik lan di bimbing kanthi sae. Kersane saget membangun rumah tangga ingkang sakinah mawaddah wa rohmah lan barokah. Amiin ya Robbal Alamin....

Sejak aqdunnikah kolowau, adik kulo....... sampun resmi dados yugo panjenengan. Pramilo ampun sungkan2 ngimutaken menawi wonten lepate, ampun sungkan2 menawi betah nopo kemawon dumateng adik kulo..... meniko.

Adik kulo...... meniko senajan mulai tsanawiyah ngantos perguruan tinggi ngalap ilmu dateng pondok, nanging yoknopo2 tasek dreng nate nikah dados geh dreng pengalaman. Yoknopo2 geh lare nem ingkang katah kekiranganipun, geh kadang pinter kadang nakal utamane penyakit umume lare nem.
Namine lare nem,  dereng stabil. Kadang semangat, kadang lemes mboten gadah semangat. Mbak.......tugas baru sampean nangekno pas wayahe turu, pas mas ..... wayahe lemes yo sampean sing bagian..... suwalike mas ....... yo ngunu. Iku sing diistilahno wong tuwo "tumbu oleh tutup". Maksude saling melengkapi, saling menutupi kekurangan. Mbak ...... bakal semerap dapurane mas ..... sing asli iku koyok opo, mas ...... geh ngoten bakal semerap sejatine mbak ...... kuwi yok nopo. Pasti akan menemukan banyak kekurangan2 dan perbedaan2. Oleh karenanya Syariat mengajarkan dengan bahasa HUNNA LIBASULLAKUM WA ANTUM LIBASUN LAHUN. Saling menerima dan menutupi kekurangan satu sama lain, saling melengkapi. Insya Allah akan diberi sakinah mawaddah wa rohmah lan barokah. Amiin ya Robbal Alamin.

Poro bapak ibu hadirin, Sakmantune acara walimah puniko, kulo soho bapak...... sekeluarga bade langsung bangsul ten..... Nyuwun doa mugi2 selamet ngantos griyo, mugio silaturrahim puniko dadoso silaturrahim ingkang barokah lan manfaat fiddunya hattal akhiroh.

Atas nama pribadi menawi wonten kirang prayuginipun, kawulo nyuwun agunging pangaksami.
Akhirulkalam, Wabillahittaufiq wal hidayah warridlo wal inayah wal afwa minkum. Wassalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh.

0 comments

Pembawa Acara Walimatul Khitan (Bahasa Jawa)

Walimatul Khitan

Bismillahirrohmanirrohim
Alhamdulillahilladzi amarona bittiba'i millati ibrohima hanifa
Wassholatu wassalamu ala sayyidina muhammadinil mustofa
Wa ala alihi wa sohbihi wa ahli baytihi  ahli shidqi wal wafa
Qolallohu ta'ala:

ثُمَّ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرهِيْمَ حَنِيْفًا. وَمَا كَانَ مِنَ اْلمُشْرِكِيْنَ. النحل:123

Wa

عَنْ اَبِي هُرَيْرَةَ اَنَّ رَسُوْلَ اللهِ ص قَالَ: اخْتَتَنَ اِبْرَاهِيْمُ عَلَيْهِ السَّلاَمُ بَعْدَ ثَمَانِيْنَ سَنَةً وَاخْتَتَنَ بِالْقَدُوْمِ. البخارى 7: 143

Wa

عَنْ اَبِي اْلمَلِيْحِ بْنِ اُسَامَةَ عَنْ اَبِيْهِ اَنَّ النَّبِيَّ ص قَالَ: اْلخِتَانُ سُنَّةٌ لِلرّجَالِ مَكْرُمَةٌ لِلنّسَاءِ. احمد: 7: 381، رقم: 20744

HAdrotal

HAdrotal afadhil ulama'anal kirom, poro alim, poro kyai, poro sesepuh pinisepuh.
Wabilkhusus panjenenganipun Romo Kyai Haji........ ugi romo kyai haji.....
Lan poro kyai sanesipun ingkang tansah kawulo ta'dzimi lan kulo ajeng2 nasehatipun.
Poro bapak lan poro ibu sederek sedoyo ingkang minulyo...
Shohibudda'wah, panjenenganipun bapak....
Sedanten keluargo agung ingkang sanubagiyo, khususipun ananda ..... ingakang di khitan, monggo sareng2 kito dunga'aken mugio dados putro ingkang sholih, toat dateng Allah lan Rasulullah, bekti dumateng tiyang sepahipun kekaleh. Manfaati dumateng keluargo, agami lan masyarakatipun. Amiiin Ya Robbal AlamiN.

Poro hadirin ingkang minulyo, monggo sareng2 kito muji syukur dumateng ngarsanipun Allah swt kantu waosan alhamdulillahirobbil alamin, ingkang sampun paring rahmat, taufiq lan inyahipun dumateng kito sedoyo sehinggo kito saget ngerawuhi undangan saking shohibud da'wa panjenenganipun bapak..... sekeluarga dalam rangka walimatul khitan ananda .......

Kaping kaleh, sholawat lan salam mugio tetepo katuraken dumateng junjungan kito nabi agung sayyidina wa habibana Muhammad saw. Mugio kito angsal safaatipun benjang ten akhiroh. Amiiin ya Robbal alamin.

Kaping tigo, mewakili shohibudda'wa shohibul walimah, ngaturaken matur nuwun sanget atas kerawuhan panjenengan sedoyo, mugio kecatet dados amal sae kito sedoyo. Mugio kito sedoyo angsal barokahipun majlis dzikir puniko. Amiiin ya Robbal Alamin. Keranten wonten setunggalipun hadits:
وَعَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ وَأَبِيْ سَعِيْدِ الْخُدْرِيِّ أَنَّهُمَا شَهِدَا عَلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اَنَّهُ قَالَ لاَ يَقعُدُ قَوْمٌ يَذْكُرُوْنَ اللهَ عَزَّ وَجَلَّ إِلاَّ حَفَّتْهُمُ الْمَلاَئِكَةُ وَغَشِيَتْهُمُ الرَّحْمَةُ وَنَزلَتْ عَلَيْهِمُ السَّكِيْنَةُ وَذَكَرَهُمُ اللهِ فِيْمَنْ عِنْدَهُ (رواه مسلم)
Rasulullah Saw bersabda: Tidak ada sekelompok kaum pun yang berdzikir kepada Allah, kecuali malaikat akan mengelilingi mereka, rahmat akan menyelimuti mereka, ketenangan akan datang pada mereka,dan Allah akan menyebutnya di dalam orang-orang dekatnya" (HR Muslim)

Kaping sekawan, mewakili shohibudda'wa shohibul walimah, ngaturaken agunging pangaksami bilih tempat lan pasugatan kirang nyeceki dumateng manahipun panjenenengan sedoyo.

Atas nami pembagi acara, kawulo bade matur bilih susunan acara dulu puniko inggih puniko pembukaan, dilanjutaken kalean waosan tahlil, dilajengaken kalean waosan sholawat Nabi, lan kapungkas kelawan doa.

Monggo kito awali acara puniko kelawan surotul fatihah, mugio acara dalu puniko keparingan lancar lan mugio angsal barokahipun ummul qur'an. Ila hadroti nabiyil musthofa muhammadin saw wa ila jami'i ........ wa 'ala niyatina wa niyati syekh abdul qodir al jilani rodiyallohu 'anhu. Alfatihah........

Poro hadirin ingkang minulyo, acara saklajengipun ingggih puniko waosan tahlil ingkang bade kapimpin kalean panjenenganipun ......... kalanjutaken kalean waosan sholawat nabi ingkang bade kapimpin kalean panjenenganipun ustadz......... lan kapungkas kelawan doa ingkang bade kapimpin kalean ........
Wakdal kawulo sumnggga'aken kanti urut.

Atas nami pembagi acara, bilih wonten kalepatan lan kirang prayugi, kawulo nyuwun agunging pangaksami.
Wabillahi taufiq wal inayah warridlo wal inayah wal afwa minkum. Wassaalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh.

2 comments
 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. EKSPLORIA - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger