Jangan di Klik

Featured Post Today
print this page
Latest Post

Ceramah Pertemuan Alumni

Ini hanya contoh bagi yang belajar jadi muballigh

Muqoddimah: Innalhamda lillah.... dst....

Sahabat2 sekalian yang berbahagia, wa bil khusus shohibul baiyt, ukhtina indah suci R.
Alhamdulillah pagi stengah siang ini kita diberi rahmat dan inayah Allah dalam bentuk kesehatan kekuatan dan kemauan sehingga kita dapat bermuwajahah dalam majelis yang insya Allah penuh barokah. Amiin....
Mugo2 kabeh sing hadir diparingi tetepe iman, padang atine lan rizkine lancar tur barokah. Amiiin...
Sing nduwe utang mulih teko silaturrahim iki langsung iso nyaur...
Sing nduwe anak, mugo2 anake sholeh lan sholehah...
Sing nduwe drung nduwe anak, mugo2 mulih langsung gawe anak... maksude ndang diparingi anak...
Sing durung rabi, mugo2 ndang diparingi jodoh....
Amiin Allohumma Amiinnn...

Dulur2 kabeh, nuwun sewu nek saiki aku macak dadi kyai, mergo iki mau di kongkon tuan rumah. Ngowoso sak karepe lambemu, mergo segoe drung mateng. Dadi, karo ngenteni sego mateng, aku di kongkon ngowosh...

Dulur2ku kabeh, alhamdulillah... tak terasa sudah 20 tahun yang lalu kita duduk di bangku sekolah madrasah ibtidaiyah. Dan sekarang kita dipertemukan kembali dengan wajah2 dan kondisi yang berubah. Sing biyen umbelen, nangisan, ngandaknoan nang wong tuo, njambak'an, nyelatuan, saiki ketok seger2, ayu2, ganteng2,... subhanalloh....
Dan trnyta tak terasa kita telah menjadi orang tua... kewajiban dan tanggung jawab bertambah saat predikat "orang tua" melekat pada diri kita. Dan hampir semua wong tuo sing mbeneh, cita2e mung siji, yo opo anak iki iso bener2 dadi investasi dunia lebih2 investasi akhirat. Nek ono wong tuo kok gak nduwe cita2 ngunu, iku jenenge wong tuo telo!

Jempalikan direwangi encel2 pitik, direwangi panas2 nang ngareoe open, direwangi bengi2 masuk kerjo, direwangi riwa riwi ngeterno ngalor ngidul, iku kabeh mung gawe anak. Malah kadang ono sing konco wes wayahe muleh, jek marekno penggawean drung mari2. Bahkan kadang ono sing dibelani utang tonggo ngalor ngidul. Kabeh digawe anak. Mergo wes podo sadar nek anak iki investasi luar biasa. Nek anak mbeneh, mbesok nek kulo lan sampean kabeh wes tuwik, insya Allah anak bakal bekti nang wong tuo. Meh ndanio senenge ati wong tuone. Wong tuo wes gak nyambut gawe, anak sing bekti yo ngeramut wong tuwone. Wong tuo wes mati, anak sing mbeneh yo ben dino dungakno, ben kemis disambangi nang kuburan di dungakno. Nek pas anak dungakno wong tuo, langsung gusti Allah kirim nikmat nang wong tuone di alam barzakh. Oleh bungkusan teko lazada, shopee.... ttd pengirim anakmu tersayang.
Tapi nek anak gak mbeneh, wong tuo bakal ngenes. Wong tuo wes remek jek dijaluki duwek ae. Nek gak ngunu, bener ngeramut wong tuo, tapi lambhene gak mari2 olehe ngomel. Ancen sampean iki wes tuwek mak, ojo kakean model. Wes tuwek atek kepingin iwak kepiting, gak yo ta kolestrole mundak.... ngene iki sing repot sopo? Wong tuwek kakean model. Pas tuwek diumbreng2 anak, eh pas matek gak didungakno. Gak disambangi kuburane. Opo maneh nek anake maksiat terus, yo wong tuone nang alam barzakh oleh kiriman, tapi gak teko lazada utowo shopee. Sing teko koncoe anita koncoe apit, pak wes rong ulan sepedae drung di bayar cicilane, nek gak iso ngelunasi, sepedae tak gowo. Artine, nikmat2 orang tua nang alam barzakh lan akhirot bakal terkurangi atau tidak bertambah karena perilaku sang anak yang masih hidup di dunia.
Dadi, anak iku investasi yang luar biasa bagi orang tua. Dawuhe Rosulullah:
Idza mata ibnu adama inqotho'a amaluhu illa min tsalatsin, shodaqotin jariyatin aw ilmin yuntafa'u bihi, aw waladin sholihin yad'u lah...
Jika anak adam telah mati, semua amal akan terputus kecuali tiga hal: shodaqoh jariyah, ilmu yg bermanfaat, anak sholeh yg mendoakan orang tua.
Ketiganya adalah investasi yg luar biasa. Tetapi tidak semua manusia memiliki kesempatan bersedekah mungkin karena terlalu banyak kebutuhan, tidak semua orang memiliki kesempatan untuk mengajarkan ilmu2nya, tetapi semua orang memiliki kesempatan untuk mendidik anak2nya menjadi anak yang sholeh hingga kelak mau mendoakan orang tuanya. Bukan mendidik anak menjadi anak kaya, bukan mendidik anak menjadi anak pinterr otakny, tapi mendidik menjadi anak sholeh. Boleh mengarahkan anak agar kaya dan pinterr tapi jangan lupa yang paling utama adalah mendidik anak menjadi anak sholeh.
Nek anak sholeh mesti mbeneh. Minterno wong mbeneh iku gampang, tapi mbenehno wong pinterr iku angelll!! Buktine paling gampang koruptor2 iku wong puinterr, tapi mbenehno wong koyok ngunu iku angell!! Coba nek ono wong pinter kandanono, awakmu iku gak mbeneh!! Lak di tabok koen. Wani2ne ngarani aku gak mbeneh. Tapi coba wong mbeneh omongono, awakmu iku gak mbeneh, lak njawab iyo ancene aku gak mbeneh, dungakno aku yo ben aku dadi wong mbeneh... mangkakno aku belajar mbeneh...

Intine, nek pingin urip enak nang dunyo, nek pingin urip enak di masa tua kita atau saat kita telah dipanggil oleh Allah, maka didiklah anak kita menjadi anak sing sholeh! Mbene!

Carane ono nang qur'an surat al jumah:
هُوَ الَّذِي بَعَثَ فِي الْأُمِّيِّينَ رَسُولًا مِّنْهُمْ يَتْلُو عَلَيْهِمْ آيَاتِهِ وَيُزَكِّيهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَإِن كَانُوا مِن قَبْلُ لَفِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ (2)

1. Membacakan ayat2 Allah (al-Quran).
Anake diwacakno qur'an. Dibiasakno kerungu qur'an. Berarti sopo sing moco qur'an? Wong tuone. Berarti wong tuone sing sering moco qur'an.

2. Membelajari akhlaq agar bersih
Diwuruki totikromo disek. Ojo kesusu diwuruki liyan2ne. Nek ketemu wong tuone cium tangan, ketemu gurune ajari cium tangan, kepada teman yang baik. Itu diajarkan sejak dini.

3. Mengajari al-Quran
Baru nek wes usaha mbelajari sikap yang baik, belajar membaca qur'an. Iki sangune anak gawe macak2no wong tuone nek wes mati. Sangune anak gawe sholat bendino iku iso moco qur'an. Nek gak iso mbelajari, gowoen nang omahq tak wurukine.

3. Mengajari ilmu pengetahuan lainnya
Tahapan terakhir adalah pengajaran intelektual anak terkait ilmu pengetahuan yang luas. Berhitung, masak, macak.....

Insya Allah nek tahapane koyok nang al qur'an, anak dadi sholeh. Selain usaha sebagaimana ayat tadi, ojo lali dungo "Allohummaj'alna wa ahlana wa awladana wa dzurriyatana min ahlil ilmi wa ahlil khoir" ben mari sholat.
Nek iso, anake ben mari sholat difatehai. Fatehah iku ampuh karena terpilih sebagai surat yg wajib dibaca dalam sholat.

Trakhir, mumpung ktemu, tak wehi dungo ben rizkine lancar. Iki dungo wes umum tapi mungkin akeh sing drung eroh:
Allohu lathifun bi ibadihi yarzuqu mayyasya'u wahuwal qowiyul aziz (x 7 ben mari sholat)
Nek gelem ditambahi shollolloh ala muhammad (x 100 ben mari sholat)
Nek gelem ditambahi alamnasyroh (x 7 ben mari sholat)

Terakhir wiridane ben cepet nyaur utang. Terbukti ampuh. Nek gak ampuh, paranono aku! Iling2en:
1. Surat al ikhlas ping telu
2. Surat al falaq ping telu
3. Surat al nas ping telu
4. Surat tanah gadekno, duwike gawe'en nyaur utang.

Wes ngunu ae yo. Wiridan sing nyaur utang iki mau guyon. Sing sakdurunge serius.
Nyuwun agunge pangapunten, ihdinashshirotol mustaqim, wal afwa minkum, wassalamualaikum warahmatullohi wabarokatuh.

0 comments
 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. EKSPLORIA - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger