Jangan di Klik

Pembawa Acara Walimah Nikah Tahlil

Bismillahirrohmanirrohim
Alhamdulillahilladzi amarona bittiba'i millati ibrohima hanifa
Wassholatu wassalamu ala sayyidina muhammadinil mustofa
Wa ala alihi wa sohbihi wa ahli baytihi  ahli shidqi wal wafa
Qola ta'ala fi kitabhil karim. Audzubillahi minassaythonirrojim:

وَمِنْ ءَايَٰتِهِۦٓ أَنْ خَلَقَ لَكُم مِّنْ أَنفُسِكُمْ أَزْوَٰجًۭا لِّتَسْكُنُوٓا۟ إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُم مَّوَدَّةًۭ وَرَحْمَةً ۚ إِنَّ فِى ذَٰلِكَ لَأَيَٰتٍۢ لِّقَوْمٍۢ يَتَفَكَّرُونَ

Wa qolannabiyu shollollohu alayhi wasallam:
النكاح سنتي فمن رغب عن سنتي فليس مني.
وقال أيضا أولم ولو بشاة.

HAdrotal afadhil ulama'anal kirom, poro alim, poro kyai, poro sesepuh pinisepuh.
Wabilkhusus panjenenganipun Romo Kyai Haji........ ugi romo kyai haji.....
Lan poro kyai sanesipun ingkang tansah kawulo ta'dzimi lan kulo ajeng2 nasehatipun.
Poro rawuh sedoyo ingkang minulyo...
Shohibudda'wah, panjenenganipun bapak....

Monggo sareng2 kito muji syukur dumateng ngarsanipun Allah swt kantu waosan alhamdulillahirobbil alamin, ingkang sampun paring rahmat, taufiq lan inyahipun dumateng kito sedoyo sehinggo kito saget ngerawuhi undangan saking shohibud da'wa / shohibul walimah panjenenganipun bapak..... dalam rangka walimatul aqiqoh ananda.....  Sesarengan kalean walimatul Arusy ananda ....... Pikantuk tiyang jaler paring asmo.... saking......  Ingkang bade ngelampahi aqdunnikah benjang dinten.... . Bapak askandar sekeluarga Ngadong dungo dumateng panjenengan sedoyo, Mugio aqdunnikah benjang puniko keparingan lancar lan barokah, utamanipun dumateng kemanten kekaleh. Lan mugio acara dalu puniko ngantos benjang reaepsi keparingan lancar lan barokah. Ala hadzihinnniyah wa kulli niyatin sholihah, alfatihah......

Kaping kaleh, sholawat lan salam mugio tetepo katuraken dumateng junjungan kito nabi agung sayyidina wa habibana Muhammad saw. Mugio kito angsal safaatipun benjang ten akhiroh. Amiiin ya Robbal alamin.

Kaping tigo, mewakili shohibudda'wa shohibul walimah, atas kerawuhan panjenengan estu2 ngaturaken syukur dumateng Allah, maturnuwun sanget dumateng panjenengan sedoyo, mboten saget ngaturi punopo2 namung saget matur jazakumulloh ahsanal jaza', mugio kerawuhan panjenengan sedoyo dicatet kalean Allah dados amal sholeh lan diwales kanti sak sae2nipun piwales. Lan mugio kito sedoyo ingkang rawuh angsal barokahipun majelis dzikir puniko keranten Rasulullah dawuh:
وَعَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ وَأَبِيْ سَعِيْدِ الْخُدْرِيِّ أَنَّهُمَا شَهِدَا عَلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اَنَّهُ قَالَ لاَ يَقعُدُ قَوْمٌ يَذْكُرُوْنَ اللهَ عَزَّ وَجَلَّ إِلاَّ حَفَّتْهُمُ الْمَلاَئِكَةُ وَغَشِيَتْهُمُ الرَّحْمَةُ وَنَزلَتْ عَلَيْهِمُ السَّكِيْنَةُ وَذَكَرَهُمُ اللهِ فِيْمَنْ عِنْدَهُ (رواه مسلم)
Rasulullah Saw bersabda: Tidak ada sekelompok kaum pun yang berdzikir kepada Allah, kecuali malaikat akan mengelilingi mereka, rahmat akan menyelimuti mereka, ketenangan akan datang pada mereka,dan Allah akan menyebutnya di dalam orang-orang dekatnya" (HR Muslim)
Mugio estu2 angsal barokahipun majelis dzikir puniko. Amin Ya Robbal Alamin.

Kaping sekawan, mewakili shohibudda'wa shohibul walimah, sejatosipun acara puniko sampun dipersiapaken awit dangu. Nanging pasti wonten banyak kekuranganipun. Pramilo meniko bilih wonten papan panggenan lan pasugatan ugi punopokemawon ingkang kirang nyeceki dumateng manahipun panjenenengan sedoyo, mewakili bapak asyim, nyuwun agunging samudro pangaksami.
أنا أريد وأنت تريد ولكن الله يفعل ما يريد
Kita sebatas berusaha. Dan Allah lah yang menentukan segalanya.

Atas nami pembagi acara, kawulo bade matur bilih susunan acara dulu puniko inggih puniko pembukaan, dilanjutaken kalean waosan tahlil, dilajengaken kalean waosan sholawat Nabi, lan kapungkas kelawan doa.

Monggo kito awali acara puniko kelawan surotul fatihah. Liridloillah wa lisyafa'ati rosulillahi shollollohu alayhi wa sallam,  wa ala niyatina wa niyati syekh abdul qodir jilani rodliyallohu 'anhu.   Alfatihah...

Poro hadirin ingkang minulyo, acara saklajengipun ingggih puniko waosan tahlil ingkang bade kapimpin kalean panjenenganipun ......... kalanjutaken kalean waosan sholawat nabi ingkang bade kapimpin kalean panjenenganipun ustadz......... lan kapungkas kelawan doa ingkang bade kapimpin kalean ........
Wakdal kawulo sumnggga'aken kanti urut.

Atas nami pembagi acara, bilih wonten kalepatan lan kirang prayuginipun, kawulo nyuwun agunging samudro pangapunten.
Wabillahi taufiq wal inayah warridlo wal inayah wal afwa minkum. Wassaalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh.

Share this article :

Post a Comment

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. EKSPLORIA - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger